Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 2 >> 

1Saiba cilakané wong sing karo turon ngrancang-ngrancang piala! Bareng wis ésuk rancangan-rancangan mau samasa ana wektu sing dianggep becik banjur ditindakaké.

2Yèn kepéngin nduwèni palemahan, banjur ngrebut. Yèn kepéngin dhuwèni omah, banjur nyrobot. Ora ana wong, brayat lan barang-darbèké sing aman.

3Mulané Pangéran ngandika, "Aku ngrancang nekakaké paukuman marang kowé, lan kowé ora bakal bisa ngoncati. Kowé bakal nampa karubedan, nganti kowé wis ora bisa angkuh menèh.

4Ing dina kuwi wong-wong bakal padha nyritakaké lelakonmu kanggo pepéling, lan padha ngucapaké unèn-unèn bab wong sing semplah kaya kowé: ‘Kita wis bangkrut babar-pisan! Gusti Allah wis mundhut palemahan kita, lan diparingaké marang wong sing nggawa kita menyang pembuwangan.’"

5Mulané yèn wis tekan titi-mangsané palemahan kabalèkaké marang umaté Allah, kowé bakal ora klebu wong sing nampa panduman.

6Wong padha ngandhani aku, "Aja medhar wangsit menèh. Aja medhar wangsit bab kuwi. Allah ora bakal gawé wirang marang kita.

7Apa kokkira wong Israèl diukum déning Allah? Apa kokkira Gusti Allah wis entèk sabaré? Apa Gusti Allah téga nindakaké sing mengkono kuwi? Apa Panjenengané ora gawé becik marang saben wong sing bener lakuné?"

8Gusti Allah paring wangsulan mengkéné, "Umat-Ku kokserang kaya mungsuh. Wong padha bali saka perang, ngira yèn ana ing omah aman. Jebul kowé wis ngadhang wong mau, banjur kokrampog jubahé saka gegeré.

9Para umat-Ku wadon kokgiring metu saka omah sing disenengi, lan anak-anaké kokrampog, mula padha kélangan berkah peparing-Ku ing selawasé.

10Ngadega lan mangkata. Ing kéné wis ora aman menèh. Merga saka dosa-dosamu, panggonan iki wis dadi papaning karusakan.

11Wong-wong iki sing disenengi nabi-nabi sing dhemen ngapusi lan nasaraké, sarta kandha, ‘Aku medhar wangsit: kowé bakal ora kekurangan anggur lan ombèn-ombèn sing énak-énak.’"

12Pangandikané Allah menèh mengkéné, "Nanging kowé bakal padha Dakklumpukaké dadi siji, iya sakèhé kekarèné Israèl. Kowé bakal Dakulihaké kaya wedhus sing bali menyang kandhangé. Kaya pangonan sing kebak wedhus, kaya mengkono tanahmu bakal kebak wong menèh.

13Gusti Allah bakal mbikak dalané sarta ngirid wong-wong mau metu saka pembuwangan. Bakal padha gemrudug metu saka gapuraning kutha, dadi wong merdika. Ratuné, yakuwi Gusti Allah piyambak, bakal ngirid wong-wong mau metu saka papan kono."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mikha 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel