Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 10 >> 

1Dhuh Allah, kénging menapa Paduka jumeneng ing katebihan lan umpetan samasa kawula nandhang karibedan?

2Margi saking angkuhipun, tiyang-tiyang awon sami nindhes tiyang kesrakat; tiyang-tiyang jahat wau sami kénginga jireting pangothak-athikipun piyambak.

3Margi tiyang awon sami nguja pepénginané manahipun, lan tiyang srakah ngipat-ipati sarta nampik Allah.

4Tiyang duraka kalayan umuk sami mungel, "Gusti Allah rak ora arep males marang aku! Gusti Allah ora ana!" mekaten penganggepipun.

5Salampah-lampahipun tansah angsal damel; dhawuh Paduka menika kemuluken, ngantos piyambakipun mboten gaduk; sedaya mengsahipun dipun anggep sepélé.

6Osiking manahipun, "Kekuwatanku ora bakal suda. Aku ora bakal kena ing paukuman."

7Senengipun memisuh, goroh lan misakit; tembungipun kebak pangancam lan piawon.

8Piyambakipun ndhelik ing gubug-gubug; ing papan ingkang sepen badhé mejahi tiyang ingkang tanpa kalepatan.

9Mripatipun ndingkik tiyang ingkang apes, lan ndhekem ing pandhelikan. Kados singa ing rerungkudan, ing ngriku enggènipun ngentosi tiyang ingkang badhé dipun mangsa. Tiyang wau dipun tubruk lan dipun glandhang ing pandhelikanipun.

10Caranipun mendhak, mbungkuk lajeng nubruk; tiyang-tiyang ingkang apes wau srana cakaripun ingkang rosa.

11Osiking manahipun, "Allah mesthi ora mreduli; Panjenengané ora mirsani, mulané ora bakal pirsa aku."

12Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng! Dhuh Allah, mugi kersa mulungaken asta Paduka. Tiyang ingkang kesrakat mugi sampun ngantos Paduka supèkaken.

13Kénging menapa tiyang duraka sami ngawon-awon Allah, kalayan criyos ing manahipun, "Aku mesthi ora bakal diwales déning Allah."

14Mangka Paduka saèstunipun pirsa, margi Paduka menika mirsani dhateng kasisahan tuwin sakiting manah, sarta Paduka pundhut ing asta Paduka piyambak. Pramila tiyang apes sami suméndhé pasrah dhateng Paduka; lan tumraping laré lola, Paduka jumeneng juru pitulunganipun.

15Kekiyatanipun tiyang awon mugi Paduka sirnakaken, piawonipun mugi Paduka adili, ngantos sami sirna saking ngarsa Paduka.

16Allah jumeneng raja langgeng ing selawasé. Para bangsa sing nyembah brahala wis padha sirna saka tanahé Allah.

17Dhuh Allah, Paduka mugi nyembadani pandonganipun tiyang kesrakat, manahipun mugi sami Paduka sentosakaken.

18Talingan Paduka mugi nilingaken, sarta Paduka badhé paring keadilan, dhateng laré lola lan dhateng tiyang ingkang dipun aniaya, supados ing jagad mboten wonten tiyang ingkang wantun nganiaya dhateng sesaminipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel