Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 110 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Pangandikanipun Allah dhateng Gusti kula mekaten, "Pinaraka ana ing tengen-Ku nganti tumekané mungsuh-mungsuhmu wis padha Dakdadèkaké ancik-anciké tlapakanmu."

2Allah badhé ngulungaken jungkating keprabon dhateng Panjenengan saking Sion, Paduka nindakna pangrèh Paduka ing tengahing mengsah Paduka.

3Ing dinten Paduka nglempakaken wadyabala nglawan mengsah-mengsah Paduka, umat Paduka badhé tumut perang kalayan manasuka. Kados déné ebun ing wanci énjing umun-umun, kados mekaten para nènèman kagungan Paduka badhé sami sowan ing ngarsa Paduka, ing redi-redi ingkang suci.

4Gusti Allah sampun janji kalayan supaos ingkang mboten badhé dipun keduwungi, mekaten, "Kowé iku dadi Imam ing selawas-lawasé, manut tatanané Mèlkisèdèk."

5Pangéran wonten ing tengen Paduka, samasa duka Allah numpes raja-raja kalayan bebendunipun.

6Pangéran nindakaken pengadilan ing tengahipun para umat, mila saenggèn-enggèn wonten pepejah pating glasah. Para raja ing pundi kémawon badhé dipun telukaken.

7Sang Prabu badhé ngunjuk toya saking lèpèn ing sapinggiring margi, temah badhé kakiyataken lan angsal kemenangan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 110 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel