Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 112 >> 

1Haléluya! Begja wong sing ngabekti marang Allah, sing kesengsem nglakoni dhawuhé Pangéran.

2Anak-putuné bakal gedhé kawibawané ana ing bumi, sarta padha diberkahi déning Pangéran.

3Brayaté bakal ngalami kalubéran lan olèh kasugihan, kabecikané bakal tetep ing selawasé.

4Wong sing atiné jujur, samasa kepetengan, mesthi kaplethèkan pepadhang, yakuwi wong sing dhemen wèwèh, welasan lan adil.

5Wong sing dhemen wèwèh lan awèh utangan, sing ngrumati barang-darbèké kanthi temen.

6Wong mursid tansah dièngeti déning Allah, sedyaning atiné bakal keturutan.

7Piala ora bakal ndadèkaké kuwatiré, atiné mantep, gedhé pengandelé marang Allah.

8Wong mau ora wedi utawa kuwatir, malah yakin yèn satruné bakal kalah.

9Loma pawèwèhé marang wong miskin, kabecikané bakal lestari, mula wibawané lan kaurmatané bakal saya tambah.

10Ndeleng sing mengkono, wong duraka bakal nepsu karo nggeget untu. Banjur sirna, apa sapengarep-arepé wong duraka bakal lebur.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 112 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel