Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 113 >> 

1Haléluya! Hé para abdiné Pangéran, padha pujinen asmané Allah!

2Asmané Allah pinujia-pujia, wiwit saiki tekan ing selawasé.

3Asmané Allah pinuji-pujia, saka Wétan tekan Kulon tetep ing selawasé.

4Allah luhur ngungkuli sakèhé para umat, kamulyané ngungkuli sakèhé langit.

5Sapa kang madhani Pangéran, Allah kita, kang ngedhaton ing ngaluhur.

6Kang kersa tumelung mirsani marang kang ana ing ngisor, kang ana ing langit lan ing bumi?

7Wong papa dijunjung saka ing lebu, lan wong mlarat saka ing bladheran.

8Diprenahaké ing sandhuwuré para penggedhé, bebarengan karo para pengarepé bangsané.

9Wong wadon sing gabug diparingi kabegjan ing omahé, merga diberkahi anak pirang-pirang. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 113 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel