Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 114 >> 

1Nalika bangsa Israèl budhal saka tanah Mesir, turuné Yakub metu saka tengahé bangsa ngamanca.

2Yéhuda dadi umaté Allah kang dipilih, lan Israèl dadi kagungané.

3Segara Teberau bareng weruh banjur mlayu, lan Kali Yardèn mandheg anggoné mili.

4Gunung-gunung padha lelumpatan kaya wedhus lanang, tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempé!

5Hé segara, yagéné kowé kokmlayu? Hé Kali Yardèn, yagéné kowé mandheg anggonmu mili?

6Hé gunung-gunung! Yagéné kowé lelumpatan kaya wedhus lanang? Hé tengger-tengger! Yagéné kowé lincak-lincak kaya cempé?

7Hé bumi! Gemetera ana ing ngarsané Pangéran, ana ing ngarsané Allahé Yakub,

8kang ndadèkaké karang malih dadi blumbang, lan watu atos dadi sendhang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 114 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel