1Hé sakèhé para umat, padha saosa puji marang Allah.
2Hé sakèhé para bangsa, Panjenengané padha luhurna, awit sih-kadarmané marang kita iku gedhé banget, sarta kasetyané Allah kuwi langgeng selawasé. Haléluya.