Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 122 >> 

1Kidung jiarah anggitané Dawud. Aku bungah menawa ana wong ngajak aku, "Ayo padha munggah menyang Pedalemané Allah."

2Hé Yérusalèm, saiki aku wis tekan kéné, ngadeg ing sajroning gapuramu.

3Yérusalèm kuwi kutha sing kabangun éndah, ditata rapi ngresepaké.

4Para bangsa padha jiarah mréné, yakuwi taler-taleré Israèl, padha saos sokur marang Pangéran, cocog karo dhawuhé.

5Para ratuné Israèl turuné Dawud, padha pinarak ing kéné, ngadili umaté.

6Padha nyuwuna katentreman kanggo Yérusalèm: "Diganjara karaharjan sakèhé wong kang tresna marang Yérusalèm.

7Tentrem rahayu anaa ing sajroning bètèngmu, karaharjan anaa ing kedhatonmu."

8Krana saka para sedulur lan para mitraku aku ngucap, "Tentrem rahayu anaa ing kowé!"

9Krana saka Pedalemané Pangéran, Allahku, aku bakal tansah nyenyuwun kanggo keslametanmu!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 122 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel