1Kidung jiarah anggitané Dawud. Yèn ajaa Allah piyambak kang ngreksa marang kita, kaya apa kaanan kita hé, Israèl?
2"Yèn ajaa Allah piyambak kang ngayomi kita, nalika kita padha diserang, déning mungsuh-mungsuh kita,
3kita mesthi wis diuntal urip-uripan, sajroning mulad-mulading nepsuné marang kita.
4Kita mesthi kakéntiraké déning banjir, lan mesthi wis padha kleleb;
5kita mesthi wis padha kesilep ing sajroning ombak sing molak-malik."
6Pinuji-pujia Allah kang ora ngulungaké kita supaya kasirnakaké déning mungsuh.
7Kita padha oncat kaya manuk saka kalané wong mikat, kalané rantas, kita nuli padha bébas.
8Pitulungan kita iki asalé saka Allah kang nitahaké langit lan bumi.