Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 125 >> 

1Kidung jiarah. Sakèhé wong kang precaya marang Allah, kuwi padha kaya Gunung Sion, kang ora obah-obah, langgeng selawasé.

2Kaya déné Yérusalèm dikepung ing gunung, kaya mengkono anggoné Allah ngreksa marang umaté, wiwit saiki tekan selawasé.

3Wong ala ora bakal suwé anggoné njajah tanahé wong mursid, supaya wong mursid mau aja nganti kepeksa nindakaké piala.

4Dhuh Allah, Paduka mugi maringi kasaénan dhateng tiyang ingkang saé, inggih tiyang-tiyang ingkang netepi dhawuh Paduka.

5Nanging tiyang duraka mugi Paduka sirnakaken sareng kaliyan tiyang ingkang nilar dhawuh Paduka. Israèl kaparingana tentrem rahayu!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 125 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel