1Kidung jiarah. Nalika Allah ngulihaké kita menyang Yérusalèm, rasané kaya wong ngimpi.
2Nalika semono kita padha ngguyu lan surak-surak merga saka bungah kita. Bangsa-bangsa liya padha kandha, "Allah wis gawé kaélokan gedhé kanggo bangsa kuwi."
3Pancèn, Allah wis nindakaké kaélokan kanggo kita! Iba begja kita!
4Dhuh Allah, Paduka mugi mangsulaken kawontenan kawula, kados jawah ingkang mangsulaken lèpèn asat.
5Tiyang ingkang nyebar wiji kalayan nangis, mesthi badhé ngundhuh kalayan surak-surak.
6Lungané karo nangis nggawa wiji sing bakal disebar, baliné karo bungah, ngusung panènané.