Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 127 >> 

1Kidung jiarah anggitané Suléman. Menawa dudu Allah kang yasa omah, tanpa gawé tukangé olèhé nggarap. Menawa dudu Allah kang ngreksa marang negara, tanpa gawé wong jaga anggoné melèk.

2Tanpa gawé enggonmu tangi umun-umun, enggonmu nglakoni melèk tekan tengah wengi, enggonmu mangan pametuné kasusahan, yèn dudu Allah kang nindakaké, sebab para kekasihé Allah padha kaparingan sajroning lagi turu.

3Anak-anak lanang kuwi peparingé Allah, wohing wetengan kuwi ganjarané.

4Kaya panah ing tangané prejurit, kaya mengkono anak lanang tumraping bapak nalika nomé.

5Begja wong sing duwé panah akèh kaya mengkono, wong mau bakal ora isin samasa ketemu lawanané ana ing gedhong musawarah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 127 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel