1Kidung jiarah. Pangucapé Israèl, "Banget enggonku diganggu ing wong, wiwit nom mula.
2Anggonku nandhang karubedan wiwit aku isih nom, nanging aku ora bisa dikalahaké.
3Gegerku ditatoni nganti jero, presasat sawah sing diluku.
4Nanging Allah kang mahaadil ngluwari aku saka bandané wong duraka."
5Wong sing sengit marang Sion bakal kwirangan lan digawé mundur.
6Wong mau bakal kaya suket sing thukul ing payoné omah, sing alum sadurungé dibedhol.
7Yèn dierit ora ana sagegem, yèn dibongkok ora dadi sabopongan.
8Wong sing liwat ora ana sing nggatèkaké, karo muni, "Allah mberkahana kowé. Kowé dakpujèkaké becik atas asmané Allah."