Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 130 >> 

1Kidung jiarah. Saking telenging batos ingkang putek, kawula sesambat dhateng Paduka, dhuh Allah.

2Dhuh Gusti, mugi miyarsakaken panjerit kawula! Pesambat kawula nyuwun pitulungan, mugi Paduka sembadani!

3Menawi Paduka ngèngeti dhateng piawonipun tiyang, dhuh Pangéran, sinten ingkang saged lestantun?

4Nanging Paduka sampun paring pangapunten, supados tiyang sami ajrih dhateng Paduka.

5Aku ngarep-arep marang pitulungané Allah, aku ngandel karo janjiné.

6Enggonku nganti-anti marang Pangéran cecengklungen, ngluwihi wong jaga ngarep-arep wayah ésuk.

7Israèl, ngandela marang Pangéran, awit Panjenengané iku asih-darma, lan selawasé kersa paring pitulungan.

8Panjenengané bakal mitulungi Israèl, umaté, uwal saka sakèhé dosané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 130 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel