Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 132 >> 

1Kidung jiarah. Dhuh Allah, Paduka mugi ngèngeti dhateng Dawud lan sakathahing kangèlanipun.

2Mugi ngèngeti dhateng janjinipun, inggih dhateng sumpahipun dhateng Paduka, Allahipun Yakub.

3(132:3-4) "Kawula mboten badhé wangsul mlebet ing griya, utawi mapan tilem ing patileman kawula,

4(132:3)

5menawi kawula dèrèng manggihaken panggènan kanggé Pangéran, inggih dalem kagem ingkang Mahakwaos, Allahipun Yakub."

6Ana ing Bètléhèm kita wis padha ngrungu bab Pethining Prejanjian, kang ana ing tanah lebak ing daérah Yéarim.

7Pangucap kita, "Payo kita padha mlebu marang Pedalemané Allah, padha sujud ana ing ngarsané dhamparé."

8Dhuh Allah, Paduka mugi rawuh ing papan palereman Paduka, ing ngriku wonten Pethining Prejanjian, pretandhaning pangwaos Paduka, saha mugi dedalem ing ngriku selaminipun.

9Imam-imam Paduka mugi selaminipun nindakaken kaleresan, saha umat Paduka sami surak-suraka awit saking bingahipun.

10Mugi Paduka sampun nampik dhateng pandonganipun abdi Paduka Dawud, sampun nampik dhateng raja ingkang Paduka jebadi.

11Allah wis dhawuh marang Dawud kanthi supaos, kang mesthi ora dibatalaké, pangandikané, "Turunira bakal Daklungguhaké ana ing dhamparmu.

12Angger turunmu tetep ngèstokaké janji-Ku, sarta sakèhé prenatan kang Dakwulangaké marang dhèwèké. Dadiné anak-putuné turunmu mau iya bakal padha lungguh ing dhamparmu, ing selawas-lawasé."

13Sebab Allah wis milih Sion, dikersakaké dadi Pedalemané.

14Pangandikané, "Ana ing kéné pakèndelan-Ku selawasé, iya ing kéné pedaleman-Ku, iya mengkono kersa-Ku.

15Sion bakal Dakcukupi kebutuhané kalawan lubèr, wongé mlarat bakal Dakwaregi nganggo roti.

16Para imamé bakal Dakberkahi ing samubarang pegawéan kang dilakoni; sarta wong mursid bakal padha surak-surak déning bangeté bungahé.

17Ana ing kono anak-turuné Dawud bakal Dakdadèkaké raja agung salah siji, ratu jebadan-Ku iku bakal Daklestarèkaké pepréntahané.

18Mungsuhé bakal nandhang kwirangan, nanging kratoné Dawud bakal lestari tentrem lan makmur."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 132 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel