Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 135 >> 

1Haléluya! Pujinen asmané Allah, hé para abdiné kabèh,

2kang padha teka ngladosi ana ing Pedalemané Allah, lan ana ing platarané.

3Padha saosa puji marang Allah, sebab Allah iku becik, asmané padha kidungna nganggo masmur, sebab asmané iku élok.

4Allah wis milih Yakub, iya Israèl dadi kagungané piyambak.

5Satemené aku wis ngerti yèn Allah iku Mahaluhur, kaluhurané ngungkuli para déwa.

6Allah nindakaké apa sing dadi kersané ana ing swarga lan ing bumi, ing segara lan ing samodra jembar.

7Panjenengané ndadèkaké mendhung mumbul ing pungkasané bumi, nitahaké bledhèg bareng lan udan, lan angin diwetokaké saka simpenané.

8Ana ing Mesir Panjenengané numpes pembarepé manungsa lan kéwan.

9Ana ing kana Panjenengané gawé mujijat lan kaélokan, ngukum Sang Prabu lan para abdiné kabèh.

10Panjenengané nelukaké bangsa-bangsa gedhé, lan matèni raja-raja kang kwasa, kayata:

11Sihon, ratuné bangsa Amori, Og, ratuné bangsa Basan, lan sakèhé kraton ing tanah Kenaan,

12sarta tanahé diparingaké dadi darbèké Israèl, umaté.

13Dhuh Allah, Paduka selaminipun tetep dipun wartosaken, badhé dipun damel misuwur, ngantos turun-temurun.

14Awit Allah ngreksa marang umaté, sarta melasi marang para kawulané.

15Brahalané para bangsa wujud slaka utawa emas, gawéaning tangané manungsa.

16Padha duwé cangkem, nanging ora bisa clathu, padha duwé mripat, nanging ora bisa ndeleng.

17Padha duwé kuping, nanging ora bisa ngrungu, uga cangkemé ora ana ambekané.

18Para wong sing gawé padha dadia kaya brahalané mau, mengkono uga sakèhé wong sing ngendelaké marang brahala.

19Hé wong Israèl, padha saosa puji marang Allah, hé para umaté Allah, padha memujia asmané.

20Hé para wong Lèwi, padha saosa puji marang Allah, padha ngluhurna asmané, hé sakèhé wong kang ngabekti marang Panjenengané.

21Pangéran kasaosana puji ana ing Sion, Panjenengané kang ngedhaton ing Yérusalèm. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 135 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel