Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 138 >> 

1Anggitané Dawud. Dhuh Allah, Paduka badhé kawula puji, kalayan gumolonging manah. Wonten ing ngajengipun para allah, kawula badhé ngidungaken masmur dhumateng Paduka.

2Kawula badhé sujud madhep dhateng Pedaleman Paduka ingkang suci, saha memuji dhumateng asma Paduka, awit saking sih lan kasetyan Paduka, lan ngetingalaken bilih asma Paduka saha dhawuh Paduka menika luhur ngungkuli samukawis.

3Samasa kawula sesambat, Paduka nyembadani, saha nyantosakaken manah kawula.

4Dhuh Allah, sakathahing para raja ing bumi badhé saos puji sokur dhateng Paduka, mergi sampun sami mireng bab janji Paduka.

5Sarta sami badhé ngidungaken bab pangrèh Paduka, awit ageng kaluhuranipun Allah.

6Senajan Allah iku luhur, éwadéné menggalihé marang wong asor, lan wong gemunggung dititèni.

7Menawi kawula ngalami karibedan, Paduka ngampingi kawula. Mengsah-mengsah kawula ingkang sami nepsu sami Paduka lawan, saha kawula sami kapitulungan déning pangwaos Paduka.

8Dhuh Allah, Paduka badhé ngrampungaken prekawis kawula sedaya; sih-kasetyan Paduka menika langgeng selaminipun. Paduka sampun ngantos nilar pakaryan ingkang sampun Paduka wiwiti.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 138 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel