Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 14 >> 

1Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Wong bodho kandha ing sajroning atiné, "Allah kuwi ora ana!" Apa sing dilakoni kuwi rusuh lan nistha, ora ana sing gawé kabecikan.

2Gusti Allah mirsani saka swarga marang para manungsa, apa ana sing duwé budi lan nggolèki Allah.

3Wis padha nasar kabèh, kabèh wis bejat; ora ana sing gawé becik, siji waé ora ana.

4Wong kabèh padha ora rumangsa nglakoni piala, enggoné padha mangan bangsaku nganti ludhes kaya wong mangan roti waé, sarta padha ora tau nyebut marang Allah.

5Nanging wong-wong mau bakal padha ketaman ing pagiris gedhé, merga Allah ana ing tengahé wong mursid.

6Karebèn wong ala padha mbubrah rancangané wong kesrakat, nanging Allah ngayomi wong-wong mau.

7Muga-muga Israèl diparingi kemenangan saka Sion! Menawa Allah mulihaké kaanané umaté, Yakub bakal surak-surak, sarta Israèl bungah-bungah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel