Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 141 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Dhuh Allah, kawula nyebut dhateng Paduka, kawula mugi énggal Paduka rawuhi. Mugi miyarsakaken pesambat kawula.

2Pandonga kawula mugi kaanggepa kurban dupa wonten ing ngarsa Paduka, enggèn kawula ngangkat tangan kawula mugi kaanggepa kurban ing wanci sonten.

3Dhuh Allah, mugi kersa njagi dhateng lambé kawula, korining lambé kawula mugi Paduka reksa.

4Manah kawula mugi katebihna saking pepénginan ingkang awon, sarta nglampahi pendamel-pendamel duraka, utawi tumut-tumut damel duraka kados tiyang ingkang murangsarak. Mugi sampun ngantos kawula tumut nedha pasegahanipun ingkang éca-éca.

5Kajengipun kawula dipun gebag, tuwin dipun welèhaken déning tiyang mursid, menika kula anggep katresnan. Nanging kawula badhé nampik kaurmatan saking tiyang duraka, margi kawula mboten kèndel-kèndel ndedonga nglawan dhateng piawon-piawonipun.

6Menawi para pengagengipun sami kabanting saking pèrèng-pèrèngipun parang, para umat badhé mangertos bilih tembung kawula menika nyata.

7Kados séla ingkang dipun pecah lan dipun remuk ing siti, inggih mekaten balungipun tiyang menika badhé sami pating glasah wonten ing sangajenging luwang kuburan.

8Nanging kawula tetep pitados dhateng Paduka, dhuh Pangéran, Allah kawula, kawula ngungsi dhateng Paduka, mugi Paduka oncataken saking pejah!

9Kawula mugi Paduka reksa sampun ngantos kénging ing kala ingkang dipun pasang kanggé kawula, inggih jiretipun tiyang-tiyang awon.

10Tiyang duraka sami dhawaha ing kala-jiretipun piyambak, nanging kawula mlampaha terus kanthi wilujeng.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 141 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel