1(142-1) Kidung isi piwulang anggitané Dawud nalika ana ing guwa; wujud pandonga. (142-2) Aku ngunjukaké pandonga marang Allah kanthi swara sora, seru anggonku nyenyuwun marang Panjenengané.
2(142-3) Pesambatku dakesokaké ana ing ngarsané, sakèhé karibedanku dakaturaké kabéh.
3(142-4) Samasa manah kawula semplah, Paduka ingkang nedahaken kawula, menapa ingkang kedah kawula tindakaken. Ing margi ingkang kawula ambah, mengsah-mengsah kawula sami masang kala-jiret.
4(142-5) Sareng kawula nolèh ngiwa nengen, mboten wonten tiyang ingkang ngaruhaken kawula. Kawula mboten gadhah pangungsèn, mboten wonten tiyang ingkang mrihatosaken kawula.
5(142-6) Dhuh Allah, dhateng Paduka kawula sesambat, atur kawula, "Paduka menika Pangungsèn kawula, inggih namung Paduka ingkang kawula betahaken, kanggé gesang kawula ing donya menika."
6(142-7) Paduka mugi miyarsakaken pesambat kawula, margi kawula mboten gadhah daya kekiyatan malih. Kawula mugi kauwalaken saking tiyang-tiyang ingkang nguya-uya dhateng kawula, awit kekiyatanipun ngungkuli kekiyatan kawula.
7(142-8) Kawula mugi Paduka luwari saking raos semplah kawula, supados kawula saged memuji asma Paduka. Para tiyang mursid badhé sami ngepang kawula kalayan bingah, menawi Paduka nandukaken kawelasan dhateng kawula.