Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 144 >> 

1Anggitané Dawud. Pinujia Allah, pengayomanku, aku dilatih perang, siaga ngadhepi peprangan.

2Panjenengané iku pengauban lan bètèng pengayomanku, kang mitulungi aku, tetamèng lan pengaubanku, kang nelukaké bangsa-bangsa marang aku.

3Dhuh Allah, manungsa menika ajinipun menapa, déné kok Paduka gatosaken? Sinten ta manungsa menika, déné kok Paduka èngeti?

4Manungsa menika rak sami kados ambekan, umuripun presasat ayang-ayangan ingkang kemlébat ical.

5Dhuh Allah, langit mugi kasuwèka lan Paduka tumunten tumedhaka; redi-redi kagrayanga, sarta badhé ngedalaken kukus.

6Mugi ngutus bledhèg, mengsah-mengsah mesthi badhé sami buyar. Mugi nglepasaken jemparing Paduka, temah sami badhé mlajeng.

7Paduka mugi ngulungaken asta Paduka saking nginggil, sarta ngentas kawula saking toya ingkang lebet. Kauwalna kawula saking tanganipun tiyang ngamanca,

8ingkang selaminipun wicanten dora, sarta goroh, senajan sampun supaos.

9Dhuh Allah, kawula badhé memuji dhateng Paduka kalayan kidung énggal, badhé memuji kaliyan ngungelaken slukat.

10Paduka ingkang paring kaunggulan dhateng para raja, sarta ngluwari abdi Paduka Dawud.

11Kawula mugi Paduka pitulungi, Paduka uwalaken saking pangwaosipun tiyang ngamanca, ingkang selaminipun wicanten dora, sarta goroh, senajan sampun supaos.

12Mugi anak-anak kawula jaler wiwit nèm mila gesanga kados taneman ingkang kiyat ngrembaka. Anak-anak kawula èstri sami ngèmperana saka ukiran, ingkang ngrengga pojok-pojoking kedhaton.

13Gudhang-gudhang simpenan kawula mugi sami kebaka tetedhan rupi-rupi. Ménda kawula sami bebranahana dados éwon lan leksan wonten ing pangènan kawula.

14Lembu kawula sami kathaha anakipun, tanpa wonten ingkang keluron. Ing margi-margi kawula mugi sampun ngantos wonten panjeritipun tiyang ingkang dipun rodha-peksa.

15Begja bangsa kang kaanané kaya mengkono mau. Begja bangsa kang nganggep Pangéran dadi Allahé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 144 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel