Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 15 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Dhuh Allah, sinten ingkang kelilan manggèn ing Kémah Paduka? Sinten ingkang kelilan manggèn ing redi Paduka ingkang suci?

2Yakuwi wong kang lakuné tanpa cacad, sarta nglakoni penggawé becik,

3kang tembungé temen kalayan trus ing ati, lan ora seneng wewadul, sarta ora gawé ala marang pepadhané, ora nacad marang padha-kancané, lan ora ngrasani tanggané;

4kang éwa marang wong kang tumindak nistha, nanging ngajèni marang wong mursid; saupama sumpah kang marakaké pitunané dhéwé, iya ora dijabel;

5kang ora nganakaké dhuwit, ora nampani besel lan ora nglawan wong sing ora duwé kaluputan. Sapa sing kelakuané kaya mengkono, uripé bakal tentrem.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel