Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 28 >> 

1Anggitané Dawud. Dhuh Allah, Pengayoman kawula, kawula sesambat dhateng Paduka. Mugi kersa miyarsakaken pesambat kawula. Menawi Paduka mboten paring wangsulan, kawula kados sesaminipun tiyang pejah.

2Mugi Paduka miyarsakaken pangesah kawula, samasa kawula sesambat dhumateng Paduka, tuwin ngangkat tangan kawula madhep dhateng Pedaleman Paduka ingkang suci.

3Kawula sampun ngantos Paduka ukum sareng kaliyan tiyang awon, ingkang nglampahi piawon; ingkang grapyak dhateng kancanipun, nanging ing batosipun ngrancang piawon.

4Tiyang menika mugi Paduka wales timbang kaliyan awoning pendamelipun. Mugi Paduka ganjar laras kaliyan pendameling tanganipun. Mugi sami Paduka dhawahi pemales ingkang adil.

5Tiyang-tiyang menika mboten sami nggatosaken pakaryanipun Allah lan pangrèhing astanipun. Mulané bakal padha dirusak, lan ora dibangun menèh.

6Pinujia Allah, awit wis miyarsakaké pesambatku!

7Allah dadi kekuwatanku lan tamèngku, aku precaya marang Panjenengané, mulané aku banjur kapitulungan, dadi aku bungah-bungah, lan saos sokur nganggo nyanyian.

8Allah iku kekuwataning umaté, Panjenengané dadi pangungsèn, sumberé pitulungané ing ngatasé wong kang dipilih.

9Paduka mugi milujengaken umat Paduka sarta mberkahi bangsa kagungan Paduka; mugi sami Paduka angèn sarta Paduka rimati ing selaminipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel