Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 3 >> 

1(3-1) Masmur anggitané Dawud nalika mlajeng nyingkiri Absalom, putrané. (3-2) Dhuh Allah, iba kathahipun mengsah kawula! Kathah tiyang ingkang nglawan dhateng kawula.

2(3-3) Kathah ingkang mungel dhateng kawula mekaten, "Wong kuwi bakal ora ditulungi déning Allah."

3(3-4) Nanging, dhuh Allah, Paduka menika tamèng ingkang milujengaken kawula. Paduka menika ingkang paring kamenangan dhateng kawula, lan ingkang ngangkat sirah kawula.

4(3-5) Kalawan swara sora aku sesambat marang Allah, lan Panjenengané paring wangsulan saka gunungé kang suci.

5(3-6) Aku lèyèh-lèyèh banjur turu; sewengi muput aku direksa déning astané Allah!

6(3-7) Aku ora wedi senajan dikepung déning mungsuh, sing balané éwon.

7(3-8) Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng; kawula mugi Paduka tulungi! Paduka sampun ngawonaken mengsah kawula sedaya, ngantos sami mboten misakit dhateng kawula.

8(3-9) Pitulungan menika dhatengipun saking Allah. Mugi umat Paduka kaparingan berkah!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel