Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 32 >> 

1Kidung isi piwulang anggitané Dawud. Begja wong sing diapura kaluputané, kang dosané kaaling-alingan.

2Begja wong sing ora diwajibaké déning Allah nyangga paukumané kaluputané, lan ora dhemen ngapusi.

3Menawi kawula mboten ngakeni dosa kawula, manah kawula sumpek lan semplah, mila sesambat sedinten muput.

4Margi rinten dalu kawula Paduka gebagi kalayan nemen, ngantos kekiyatan kawula telas, kados lumut ingkang garing déning bentèring mangsa ketiga.

5Dosa kawula lajeng kawula akeni ing ngarsa Paduka, lan kalepatan kawula mboten kawula aling-alingi, panyuwun kawula, "Dakngakoni panerakku ana ing ngarsané Allah." Paduka lajeng ngapunten piawon kawula.

6Mila sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhateng Paduka, supados samasa sami katempuh ing karibedan lan keleban ing kasisahan mboten badhé sami ngraosaken.

7Paduka menika pangungsèn kawula, Paduka badhé nebihaken kawula saking karibedan; kawula badhé memuji kanthi sora, ngidungaken pangluwaran saking Paduka.

8Allah ngandika, "Aku arep memulang marang kowé, Daktuduhi dalan kang wajib kokambah. Kowé bakal Dakparingi pamrayoga; mripat-Ku bakal ngawasaké kowé.

9Mbok aja kaya jaran utawa bihal, kang ora duwé budi, sing prelu dikendhalèni yèn arep dicedhakaké kowé."

10Wong ala nandhang sangsara akèh, nanging wong kang precaya marang Allah diayomi déning sih-kasetyané.

11Mulané hé para wong mursid, padha bungaha krana pakaryané Allah. Hé sakèhing wong kang jujur atiné, padha ngidunga kalawan bungah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel