Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 35 >> 

1Anggitané Dawud. Dhuh Allah, Paduka mugi nglawan dhateng tiyang ingkang nglawan kawula. Mugi merangi tiyang ingkang merangi kawula.

2Tuwan mugi ngasta tamèng lan dedamel, mugi jumeneng mitulungi kawula.

3Mugi kersa ngedalaken tumbak lan kampak, nglawan tiyang-tiyang ingkang sami ngoyak kawula. Mugi kersa ngandika dhateng kawula, "Aku kang mitulungi kowé!"

4Tiyang ingkang ngangkah pejah kawula sami kakawonna lan kawirangna. Mugi tiyang-tiyang ingkang badhé damel cilaka kawula sami mundur lan kadamela bingung.

5Sami dadosa kados mrambut ingkang kabur ing angin, samasa kagebag déning Malaékating Pangéran.

6Marginipun kadamela peteng lan lunyu samasa dipun oyak déning Malaékating Pangéran.

7Awit tanpa sebab kawula dipun pasangi kala-jiret, tanpa sebab kawula dipun pasangi jeglongan.

8Mugi sami manggiha cilaka tanpa kenyana-nyana, lan kala ingkang dipun pasang njireta piyambakipun piyambak, ngantos sami badhé dhawah lan sirna!

9Nanging menggah kawula, kawula badhé surak-surak krana Allah, lan badhé bingah-bingah awit Pangéran sampun mitulungi kawula.

10Kalawan trusing manah, kawula badhé munjuk dhateng Pangéran, "Èstu mboten wonten ingkang nyamèni Paduka. Paduka ngayomi tiyang apes saking panindhesipun tiyang sanès, saha nulungi tiyang kesrakat saking ingkang mblèjèdi."

11Wonten seksi goroh sami majeng, kawula dipun gugat nglampahi piawon ingkang mboten kawula sumerepi.

12Kesaénan kawula dipun wales mawi piawon; ngantos kawula semplah tanpa daya.

13Nalika piyambakipun sami sakit, kawula tumut prihatos; kawula lampahi siyam lan kawula dongakaken,

14awit kawula anggep mitra utawi sedhèrèk piyambak, mekaten enggèn kawula nglabeti. Inggih kados tiyang ingkang sesambat, samasa katilar pejah déning embokipun; enggèn kawula mlampah kalayan tumungkul kados tiyang ingkang nandhang sisah.

15Nanging menawi kawula kesandhung lan dhawah, tiyang-tiyang menika sami bingah lan sami ngrubung kawula, sarta sami ngroyok kawula. Tiyang ingkang mboten wanuh dhateng kawula, mboten kèndel-kèndel enggènipun sami ngawon-awon kawula.

16Kados tiyang awon ingkang gregeten, mboten kèndel-kèndel enggènipun moyoki kawula.

17Dhuh Pangéran, ngantos mbénjing menapa enggèn Paduka namung mirsani kémawon? Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking seranganipun tiyang-tiyang ambek siya menika.

18Kawula lajeng badhé nyaosaken puji sokur dhateng Paduka ing tengahipun pasamuwan ageng, ing tengahipun tiyang kathah kawula badhé memuji dhateng asma Paduka!

19Tiyang-tiyang ingkang sami nyatroni kawula tanpa sebab, sampun ngantos sami bingah-bingah ing ngatasipun kawula, tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhateng kawula tanpa sebab, sampun ngantos sami nyuraki kawula.

20Sebab sanès pirukun ingkang sami dipun rembag, nanging malah sami ngrancang njlomprongaken tiyang-tiyang ingkang kepéngin gesang kalayan tentrem.

21Ujaripun dhateng kawula kalayan bengak-bengok, "Sokur, sokur, aku wis weruh dhéwé!"

22Dhuh Allah, Paduka sampun pirsa, mugi sampun kèndel kémawon. Dhuh Pangéran, mugi sampun nebih saking kawula.

23Mugi kersa jumeneng, mbélani kawula, inggih, mugi kersa mbélanana prekawis kawula, dhuh Pangéran, Allah kawula.

24Mugi kersa ngadili prekawis kawula miturut keadilan Paduka, dhuh Pangéran, Allah kawula, supados tiyang-tiyang menika mboten sami bingah-bingah ing ngatasipun kawula.

25Sampun ngantos sami mbatos, "Kabeneran, kuwi sing dakkarepaké!" Utawi sami mungel, "Wong kuwi wis daktumpes!"

26Tiyang-tiyang menika sami kadamela kwirangan, lan tiyang-tiyang ingkang bingah ing ngatasipun kasisahan kawula, sami kadamela kisinan. Sami kasoran sarta bingunga, tiyang-tiyang ingkang nganggep badanipun piyambak langkung utami tinimbang kawula!

27Tiyang ingkang bingah menawi kawula kaleresaken, menika sami bingah-bingaha, sarta wicanten mekaten, "Pangéran iku Mahaluhur, Panjenengané ngersakaké keslametané abdiné!"

28Ilat kawula badhé nyariyosaken keadilan Paduka, sarta mboten kèndel-kèndel memuji dhateng Pangéran!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel