Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 40 >> 

1(40-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (40-2) Banget enggonku nganti-anti marang Allah, Allah iya mirsani aku lan miyarsakaké pesambatku.

2(40-3) Panjenengané ngentas aku saka sumberé cilaka, saka blethokané rawa. Panjenengané mapanaké aku ana ing gunung watu, lan jangkahku dadi teteg.

3(40-4) Aku diwarahi ngidung nganggo nyanyian anyar, kanggo memuji Allah kita. Akèh wong sing padha weruh, mula padha wedi, banjur precaya marang Allah.

4(40-5) Begja wong sing precaya marang Allah, kang ora ngandel marang brahala. Utawa mèlu-mèlu wong-wong sing nyembah déwa-déwa, ora nggugu kandhané wong umuk.

5(40-6) Dhuh Pangéran, Allah kawula, kathah kaélokan ingkang sampun Paduka tindakaken kanggé kawula, mboten wonten ingkang nyamèni kesaénan Paduka. Saupami badhé kawula cariyosaken, mesthi mboten kénging kaétang saking kathahipun.

6(40-7) Paduka mboten remen kurban sembelèhan kaliyan kurban dhaharan. Paduka mboten mundhut kurban obongan tuwin kurban pangruwating dosa, nanging Paduka mbikak kuping kawula, ngantos kawula mireng pangandika Paduka.

7(40-8) Pramila kawula munjuk, "Lah menika kawula sowan, ing gulunganipun Kitab sampun wonten seratanipun bab kawula:

8(40-9) Kawula remen nglampahi kersa Paduka, dhuh Allah, sarta dhawuh Paduka menika wonten ing manah kawula."

9(40-10) Pawartos ingkang mbingahaken bab pitulungan Paduka dhateng kawula sedaya, kawula cariyosaken dhateng pasamuwanipun tiyang kathah. Paduka pirsa bilih kawula badhé tansah martosaken bab menika!

10(40-11) Kawilujengan peparing Paduka menika mboten kawula sidhem kanggé kawula piyambak, kasetyan lan sih-pitulungan Paduka, sih-kadarman lan kaleresan Paduka mboten kawula kèndelaken, nanging kawula lairaken wonten ing satengahing pasamuwan ageng.

11(40-12) Dhuh Allah, mugi sampun ngantos mundhut wangsul sih-rahmat Paduka saking kawula, sih lan kaleresan Paduka mugi tansah ngreksa kawula!

12(40-13) Awit sangsara tanpa wicalan sampun ngepang kawula; mripat kawula sampun katutupan déning dosa-dosa kawula, ngantos kawula mboten saged ningali, cacahipun langkung kathah tinimbang rambut ingkang wonten ing sirah kawula, manah kawula ngantos semplah.

13(40-14) Dhuh Allah, mugi Paduka kersa ngluwari kawula; dhuh Allah, mugi tumunten mitulungi kawula!

14(40-15) Tiyang ingkang sami ngangkah pejah kawula mugi sami kwirangan lan kisinan; sami mundura lan sumingkira tiyang-tiyang ingkang remen damel cilaka kawula.

15(40-16) Tiyang ingkang sami nyukuraken dhateng kawula sami kabungkem cangkemipun.

16(40-17) Tiyang ingkang sami madosi Paduka mugi sami bingah lan suka-rena margi Paduka; ingkang sami remen dhateng kawilujengan peparing Paduka mugi mungela, "Allah Mahaagung!"

17(40-18) Senajan kawula kesrakat lan mlarat, nanging Paduka menggalih dhateng kawula. Paduka ingkang mitulungi sarta nguwalaken kawula, dhuh Allah, sampun ngantos kasèp!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel