Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 43 >> 

1Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhateng kawula, mbélanana prekawis kawula, ingkang layanan kaliyan bangsa ingkang mboten tepang kaliyan Paduka! Kawula kauwalna saking tiyang-tiyang ingkang seneng goroh lan remen nganiaya.

2Sebab Paduka menika Allah, pangungsèn kawula. Kénging menapa kawula Paduka kipataken? Kénging menapa kawula kedah nandhang sisah lan dipun aniaya déning satru-satru kawula?

3Paduka mugi ngintunaken pepadhang lan kaleresan Paduka, supados nuntun lampah kawula dhateng Sion, redi Paduka ingkang suci, inggih dhateng Pedaleman Paduka!

4Kawula sageda mlebet ing sangajenging mesbèh Paduka, sowan dhateng ngarsanipun Allah, ingkang dados etuking kabingahan kawula, supados muji sokur dhateng Paduka kalayan kairing swantening clempung, dhuh Pangéran, Allah kawula!

5Yagéné kowé sedhih, hé nyawaku, lan yagéné atimu sumelang? Ngarep-arepa marang Allah! Sebab aku arep saos puji sokur, marang Allahku lan Juru Slametku!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel