Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 44 >> 

1(44-1) Kidung piwulang, anggitané bani Korakh, kanggo pemimpin penyanyi. (44-2) Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak saking para leluhur ingkang nyriyosi kawula, bab kaélokan ingkang Paduka tindakaken ing jaman kina, jamanipun para leluhur.

2(44-3) Paduka piyambak nundhungi para bangsa kapir lan mapanaken umat kagungan Paduka wonten ing ngriku, ingkang lajeng dados ngambra-ambra. Bangsa-bangsa kapir Paduka remuk, nanging para leluhur Paduka dadosaken tangkar-tumangkar.

3(44-4) Pancèn enggènipun ngrebat negari menika mboten srana pedhang, inggih mboten mergi kekiyatanipun piyambak enggènipun sami angsal kemenangan, nanging mligi mergi saking pangwasa lan kasektèn Paduka kémawon, sebab Paduka asih dhateng para leluhur.

4(44-5) Paduka, inggih namung Paduka piyambak menika Raja kawula lan Allah kawula, ingkang paring kemenangan dhateng Yakub.

5(44-6) Mergi saking pitulung Paduka kawula sami ngrebahaken mengsah, mergi saking dayaning asma Paduka enggèn kawula ngiles-iles tiyang-tiyang menika.

6(44-7) Awit sanès gendhéwa kawula ingkang kawula endelaken, sanès pedhang kawula ingkang ndadosaken unggul.

7(44-8) Nanging Paduka piyambak ingkang nguwalaken kawula saking mengsah, sarta ingkang damel wirang dhateng tiyang ingkang sengit dhateng kawula.

8(44-9) Krana Allah, kawula ngluhuraken sedinten muput kagem Paduka, kawula sami ngucap sokur ing selaminipun.

9(44-10) Nanging samenika kawula Paduka kipataken sarta Paduka wirangaken, sebab Paduka mboten nyarengi lampahipun tentara kawula.

10(44-11) Kawula Paduka damel kawon wonten ing ngajenging mengsah kawula, mila tiyang ingkang nyengiti kawula sami ngrayah kawula.

11(44-12) Kawula sami Paduka ulungaken kados déné ménda sembelèhan, lajeng Paduka tilar pating slebar ing antawisipun bangsa-bangsa.

12(44-13) Umat Paduka, Paduka sadé mirah-mirahan, lan mboten mundhut bebathèn saking pengaosipun.

13(44-14) Kawula sami Paduka dadosaken campahan ing antawisipun para tangga tepalih kawula. Kawula sami dipun poyoki lan dipun rèmèhaken déning tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.

14(44-15) Kawula Paduka dadosaken pocapanipun para umat, ngantos para bangsa sami ngina kawula kaliyan gèdhèg-gèdhèg.

15(44-16) Kanisthan kawula mboten telas-telas, lan rai kawula ketutupan ing kwirangan,

16(44-17) mergi mireng tembungipun tiyang-tiyang ingkang moyoki lan ngawon-awon kawula, sarta ingkang sami sengit dhateng kawula.

17(44-18) Sedaya wau ngebyuk dhateng kawula, nanging kawula mboten kesupèn dhateng Paduka, lan mboten sélak dhateng prejanjian Paduka.

18(44-19) Manah kawula mboten mbrontak, lan lampah kawula mboten nyimpang saking mergi Paduka.

19(44-20) Senajan Paduka sampun négakaken kawula, wonten ing antawisipun kéwan galak; sarta nilar kawula ing papan ingkang peteng ndhedhet.

20(44-21) Saupami kawula sami supé ngabekti dhateng Paduka, lan nyembah dhateng allah sanès,

21(44-22) menapa inggih Paduka mboten badhé pirsa? Awit Paduka pirsa wewadosipun manah kawula.

22(44-23) Krana saking Paduka kawula mboten kèndel-kèndel ngalami bebaya pejah, lan dipun anggep ménda sembelèhan.

23(44-24) Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng! Kawula sampun ngantos kabucal ing selami-laminipun.

24(44-25) Menapa sebabipun Paduka ngaling-alingi wedana Paduka, sarta mboten ènget dhateng kasangsaran kawula?

25(44-26) Kawula sami kabanting wonten ing lebu, badan kawula gemléthak wonten ing siti.

26(44-27) Mugi Paduka jumeneng tumandang mitulungi kawula, sarta ngluwari kawula awit saking sih-piwelas Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel