Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 50 >> 

1Masmur anggitané Asaf. Pangéran, Allah Kang Mahakwasa ngandika, nimbali wong salumahing bumi saka Wétan tekan Kulon.

2Saka Sion, kutha kang sampurna kaéndahané, Allah miyos ngagem kamulyan.

3Allah kita miyos, ora mung kèndel waé; ing ngarsané ana geni kang ngalad-alad, lan wingkingé ana prahara gedhé.

4Panjenengané nimbali langit lan bumi dadi seksi, enggoné arep ngadili umaté.

5Pangandikané, "Klumpukna mréné umat kagungan-Ku kang Dakkasihi, sing gawé prejanjian karo Aku srana kurban sembelèhan."

6Nuli sakèhé langit padha nerangaké bab keadilané Allah, merga Allah piyambak jumeneng Hakim.

7"Hé para umat-Ku, padha ngrungokna, Aku arep ngandika. Hé Israèl, Aku arep ngandhakaké marang kowé: Aku iki Allah, Allahmu!

8Ora merga kurbanmu kowé Dakwelèhaké, awit kurban obonganmu isih tetep koksaosaké marang Aku.

9Éwasemono Aku ora mundhut sapi saka omahmu, utawa wedhus bérok saka kandhangmu.

10Awit sakèhé kéwan ing alas kuwi kagungan-Ku, semono uga kéwan ing gunung sing éwon cacahé.

11Aku wanuh karo sakèhé manuk ing awang-awang, lan sing urip ana ing ara-ara kuwi dadi rèh-rèhan-Ku.

12Saupama Aku kerapan mesthi ora susah awèh weruh marang kowé, sebab donya lan saisiné iki kagungan-Ku.

13Apa Aku dhahar dagingé sapi lanang, utawa ngunjuk getihé wedhus lanang?

14Kowé padha saosa sokur minangka kurban marang Allah, lan luwarana punagimu marang Kang Mahaluhur.

15Ing mangsa karubedan padha nyenyuwuna marang Aku, Aku bakal nguwalaké kowé lan kowé bakal ngluhuraké asma-Ku."

16Nanging Allah ngandika marang wong ala, "Kokwani-wanimu ngucapaké dhawuh-dhawuh-Ku? Apa gunané kowé ngrembug prejanjian-Ku?

17Mangka kowé gething marang pamelèh-Ku, lan nyingkur marang pangandika-Ku?

18Yèn kowé weruh wong nyolong, kowé banjur kèlu, kowé srawung karo wong laku jina.

19Cangkemmu kokuja ngucapaké piala, lan ilatmu seneng goroh.

20Kowé tegel nyatur sedulur-sedulurmu, lan ngala-ala marang wong-wong mau.

21Kaya mengkono kuwi penggawému, mangka kowé Dakkèndelaké waé, mulané pandugamu Aku iki padha karo kowé. Nanging saiki kowé Dakwelèhaké, lan prekarané Dakblakakaké marang kowé.

22Sing mengkono mau lebokna ing atimu, hèh wong kang nyingkur marang Allah, supaya kowé ora Daktumpes, lan ora ana sing bakal bisa ngluwari kowé.

23Wong sing nyaosaké kurban pamuji kuwi ngluhuraké marang Aku. Wong sing lakuné jujur bakal Daktedahi dalaning keslametan peparingé Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 50 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel