Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 51 >> 

1(51-1) Masmur anggitané Dawud. Kanggo pemimpin penyanyi, (51-2) sapungkuré Nabi Natan sowan melèhaké Sang Prabu bab enggoné jina karo Batsyéba. (51-3) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, awit saking sih-kadarman Paduka. Mugi kersa nglebur dosa kawula, awit saking agenging sih-kadarman Paduka.

2(51-4) Kalepatan kawula sedaya mugi Paduka singkiraken, dosa-dosa kawula mugi Paduka lebur sedaya.

3(51-5) Margi kawula piyambak sampun ngrumaosi ing panerak kawula, lan kawula tansah ngudi ngawonaken dosa kawula.

4(51-6) Enggèn kawula damel dosa menika dhumateng Paduka, inggih dhumateng Paduka piyambak; kawula nglampahi ingkang awon ing paningal Paduka. Putusan Paduka menika pancèn leres lan paukuman Paduka menika mila adil.

5(51-7) Wiwit lair mila kawula sampun awon; wiwit wonten ing wetenganing biyung kawula, kawula sampun nandhang dosa.

6(51-8) Saèstu ingkang Paduka kersakaken menika katemenan ingkang terus ing batos, lan Paduka paring seserepan dhateng kawula ing salebeting manah.

7(51-9) Kawula mugi Paduka resiki saking jejembering dosa kawula srana hisop, mugi Paduka edusi supados dados pethak nglangkungi salju.

8(51-10) Kawula mugi Paduka dadosaken bingah suka-rena, supados balung ingkang sampun Paduka remuk menika sami saged suka-suka malih.

9(51-11) Paduka mugi ngaling-alingi wedana Paduka, sampun ngantos mirsani dosa kawula; piawon kawula mugi Paduka lebur sedaya.

10(51-12) Dhuh Allah, mugi kersa nitahaken manah ingkang suci wonten ing kawula, saha batos kawula mugi Paduka énggalaken srana kaparingan roh ingkang mantep.

11(51-13) Kawula sampun ngantos katampik saking ngarsa Paduka, saha Roh Suci Paduka sampun ngantos kapundhut saking kawula.

12(51-14) Kawula mugi kaparingana kabingahan malih, margi saking sih-pitulung Paduka, sarta kaparingana roh ingkang tansah mbangun-turut dhateng dhawuh Paduka.

13(51-15) Temahan kawula badhé mulangaken dhawuh Paduka dhateng tiyang ingkang sami lampah nasar, supados tiyang dosa sami mratobat dhateng Paduka.

14(51-16) Dhuh Allah, mugi kersa mitulungi kawula, temah kawula badhé ngluhuraken keadilan Paduka.

15(51-17) Dhuh Allah, Paduka mugi kersa mbikak lambé kawula, supados kawula saged ngidungaken asma Paduka.

16(51-18) Déné Paduka mboten kersa nampi kurban sembelèhan; saupami kawula caosi kurban obongan, Paduka inggih mboten nampi.

17(51-19) Kurban ingkang katrimah ing Allah menika roh ingkang remuk. Manah ingkang ajur mumur, dhuh Allah, menika Paduka mboten nampik.

18(51-20) Mugi Paduka damel saé dhateng Sion, manut ing sakeparenging kersa Paduka. Bètèngipun Yérusalèm mugi Paduka bangun malih.

19(51-21) Tumunten Paduka badhé nampèni kalayan renaning penggalih kurban panebusing dosa, saha kurban obongan lan kurban wetahan. Tiyang badhé nyaosaken lembu minangka kurban wonten ing mesbèh Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 51 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel