Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 54 >> 

1(54-1) Kidung isi piwulang anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi uniné kecapi. (54-2) Nalika wong Zifi sowan marang Saul, ngaturi pirsa yèn, "Dawud ndhelik ing panggonané wong mau." (54-3) Dhuh Allah, mugi mitulungi kawula srana pangwaos Paduka. Mugi paring kaleresan dhateng kawula srana kasektèn Paduka.

2(54-4) Dhuh Allah, mugi miyarsakaken Pandonga kawula, sarta nilingaken atur kawula!

3(54-5) Sebab satru kawula ingkang angkuh sami nglawan kawula; tiyang ingkang ambek siya sami ngangkah mejahi kawula, menika tiyang-tiyang ingkang mboten maèlu dhateng Allah.

4(54-6) Satemené Allah kang mitulungi aku; Panjenengané kang ngemong aku.

5(54-7) Mungsuhku bakal diwales srana pialané dhéwé. Mugi sami Paduka tumpes, mergi Paduka menika Allah ingkang setya.

6(54-8) Kawula lajeng badhé nyaosaken kurban konjuk dhateng Paduka kalayan bingahing manah, sarta memuji dhumateng asma Paduka, awit saking kasaénan Paduka.

7(54-9) Sebab Paduka sampun ngluwari kawula saking sakathahing karibedan, lan mripat kawula sampun ningali mengsah kawula kakawonaken.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 54 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel