Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 55 >> 

1(55-1) Kidung isi piwulang anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi uniné kecapi. (55-2) Dhuh Allah, mugi kersa miyarsakaken pandonga kawula, sampun nganggep sepen pesambat kawula.

2(55-3) Paduka mugi nilingaken sarta paring wangsulan! Kawula nglembara kaliyan sesambat.

3(55-4) Sebab kawula giris margi saking pangancaming mengsah ingkang ambek siya, lan panindhesipun tiyang awon.

4(55-5) Manah kawula trataban, pagirising pejah ndhatengi kawula.

5(55-6) Kawula ajrih lan geter, kabuntel ing raos miris.

6(55-7) Ngantos kawula mungel mekaten, "Saupama aku duwé swiwi kaya manuk dara, aku mesthi mabur menyang panggonan sing tentrem.

7(55-8) Aku mesthi nyingkir adoh lan nginep ing ara-ara samun.

8(55-9) Aku bakal énggal golèk papan pangungsèn ngoncati lésus lan prahara."

9(55-10) Dhuh Allah, tiyang-tiyang menika, mugi Paduka damel bingung piyambak, rembagipun mugi Paduka damel sulaya, mergi kawula sumerep bilih ing kitha wonten pangrodha-peksa lan tukar paben.

10(55-11) Rinten dalu sami ngawontenaken pejagèn ing bètèngipun, lan ing nglebetipun wonten usrek-usrekan lan panyiksa.

11(55-12) Ing pundi-pundi wonten pangrisak, samergi-mergi wonten panganiaya lan tembung goroh.

12(55-13) Saupami mengsah ingkang ngawon-awon kawula, mesthi kawula sabaraken. Saupami mengsah kawula ingkang nantang dhateng kawula, kawula mesthi taksih saged umpetan.

13(55-14) Nanging sing nglakoni mengkono mau kowé sing cedhak karo aku, kancaku lan wong sing dakprecaya.

14(55-15) Iya sing bebarengan karo aku samasa sowan, ing Pedalemané Allah awor karo wong akèh.

15(55-16) Muga-muga padha mati sadurungé tekan mangsané, padha dipendhema urip-uripan! Sebab ing omahé lan ing batiné, padha kadunungan piala werna-werna.

16(55-17) Nanging mungguh aku, aku nyenyuwun marang Allah, nuli Panjenengané bakal mitulungi aku.

17(55-18) Wayaha soré, ésuk utawa awan, samasa aku sesambat, Allah bakal miyarsakaké swaraku.

18(55-19) Allah ngluwari aku, lan aku kaparingan tentrem, dadiné aku ora nganti diremuk déning mungsuh, senajan cacahé sing nglawan aku akèh banget.

19(55-20) Allah sing wiwit jaman kuna mula pinarak ing dhamparé, miyarsakaké pesambatku lan ngalahaké para mungsuhku. Sebab padha ora kena diarep-arep tobaté, lan padha ora ngabekti marang Allah.

20(55-21) Kuwi wong sing padha nyidrani mitrané, lan nerak prejanjiné.

21(55-22) Rembugé kepénak ngungkuli lunyuné mertéga, nanging atiné arep nyerang. Tembungé alus kaya lenga, nanging kabèh mau satemené pedhang ligan.

22(55-23) Apa sing koksumelangaké pasrahna marang Allah, kowé bakal digumatosi! Ora ing selawasé wong mursid ditégakaké gloyoran.

23(55-24) Nanging dhuh Allah, menggah tiyang awon menika badhé Paduka jorogaken dhateng luwenging karisakan. Tiyang ingkang ngwutahaken rah lan seneng goroh, menika umuripun mboten badhé dumugi sepalih. Nanging menggah kawula menika pitados dhateng Paduka!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 55 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel