1(58-1) Miktam anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Kaya laguné kidung: Aja ngrusak. (58-2) Hé para pangwasa, apa putusanmu kuwi wis adil temenan? Apa enggonmu ngadili kanthi jujur?
2(58-3) Ora, kowé mung mikir enggonmu arep gawé piala. Kowé mung mikir patrapmu arep ngrampog negara.
3(58-4) Wong ala sajegé urip gawé piala, wong cidra padha nyasar wiwit ana ing wetengané biyungé.
4(58-5) Padha nggémbol wisa kaya ula; kupingé padha dibumpeti kaya ula bedhudhak sing budheg,
5(58-6) supaya aja nganti krungu swarané wong sing njapani utawa swarané wong sing pinter ngunèkaké rapal.
6(58-7) Dhuh Allah, untunipun tiyang menika sami rampala, bamipun singa nèm mugi Paduka pupaki.
7(58-8) Sami sirnaa kados toya ingkang mili, lajeng asat! Dadosa kados rumput ingkang alum wonten ing margi!
8(58-9) Dadosa kados bekicot ingkang sirna salebeting mlampah, kados laré kluron ingkang medal sampun pejah.
9(58-10) Sadèrèngipun ngertos sami kababata kados rerungkudan. Wong-wong mau bakal disebul déning Allah sajroning dukané, nganti sirna kabèh.
10(58-11) Wong mursid bakal bungah, samasa ndeleng pemales sing mengkono mau, sarta wijik sikil nganggo getihé wong duraka.
11(58-12) Wong-wong bakal ngucap mengkéné, "Jebulé wong mursid kuwi nampa ganjaran; satemené Allah kang nindakaké keadilan ing bumi."