Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 59 >> 

1(59-1) Miktam anggitané Dawud ing nalikané ditekani utusané Saul arep disédani, kanggo pemimpiné penyanyi. Kaya laguné kidung: Aja ngrusak. (59-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka uwalaken saking mengsah kawula; mugi Paduka bètèngi ngadhepi tiyang-tiyang ingkang sami nglawan kawula.

2(59-3) Kawula kauwalna saking tiyang awon, tiyang ingkang remen ngwutahaken rah.

3(59-4) Sebab tiyang menika sami ndingkik, ngangkah mejahi kawula. Tiyang-tiyang gagah-prakosa sami kangsèn nglawan kawula, senajan kawula mboten gadhah kalepatan utawi damel dosa, dhuh Allah.

4(59-5) Senajan mboten pinanggih piawon kawula, badhé sami ngebyuki kawula, lan sami mapan siyaga.

5(59-6) Paduka mugi jumeneng, dhuh Allah Ingkang Mahakwaos, Allahipun langit lan bumi. Paduka mugi jumeneng ngukum tiyang-tiyang, ingkang mboten sami wanuh kaliyan Paduka menika. Tiyang-tiyang goroh ingkang nglampahi piawon menika, sampun ngantos wonten ingkang Paduka welasi.

6(59-7) Saben wanci sonten sami dhateng malih, lajeng sami mbaung kados segawon nglinteri negari.

7(59-8) Cangkemipun ngawon-awon, lambénipun memoyok, awit pengraosipun, "Sapa sing krungu?"

8(59-9) Nanging dhuh Allah, Paduka nggegujeng tiyang-tiyang menika; tiyang-tiyang ingkang mboten wanuh kaliyan Paduka menika mesthi Paduka rèmèhaken.

9(59-10) Dhuh Allah, ingkang dados kekiyatan kawula, Paduka ingkang kawula antos-antos, mergi Allah menika bètèng kawula ingkang sentosa.

10(59-11) Allah kawula ingkang asih-setya mugi rawuh methuk kawula; kawula mugi Paduka paringi saged nyipati mengsah kawula kakawonaken.

11(59-12) Mugi sampun Paduka pejahi, supados bangsa kawula sampun ngantos supé. Sami kadadosna buyar déning pangwasa Paduka, lan sami karebahna dhuh Allah, tetamèng kawula.

12(59-13) Mengsah sami damel dosa srana lambénipun, sedaya tembungipun menika dosa. Sami kejireta srana piangkuhipun piyambak, sami ketamana ipat-ipat lan goroh ingkang dipun ucapaken piyambak.

13(59-14) Sami katumpesa srana paukuman, katumpesa ngantos tapis. Sami kasumerepna, bilih Allah nindakaken pangwaosipun wonten ing Israèl, sarta pepréntahan Paduka menika nyrambahi salumahing bumi.

14(59-15) Saben wanci sonten tiyangipun sami wangsul malih; lajeng sami mbaung kados pambaungipun segawon nglinteri negari.

15(59-16) Sami nglambrang pados tedha, menawi mboten tuwuk lajeng mbaung.

16(59-17) Nanging kawula badhé ngidungaken kwasa Paduka, saben énjing ngluhuraken sih-kadarman Paduka kalayan bingah. Margi Paduka dados bètèng kawula ingkang sentosa, pangungsèn kawula ing masa karibedan.

17(59-18) Paduka badhé kawula puji srana masmur, mergi Allah dados bètèng kawula ingkang sentosa, Allah kawula ingkang asih-mirma.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 59 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel