Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 62 >> 

1(62-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Laguné kaya laguné kidung: Yedhutun. (62-2) Aku ngarep-arep kanthi sabar marang pitulungané Allah; mung Panjenengané piyambak sing dakendelaké.

2(62-3) Sanyatané mung Panjenengané piyambak kang ngayomi aku lan nylametaké nyawaku. Panjenengané dadi pangungsènku, aku mesthi ora bakal keseser.

3(62-4) Nganti pira lawasé enggonmu arep ngroyok wong siji, sing kekuwatané ora ngluwihi pager dhoyong?

4(62-5) Karepmu mung arep nglèngsèr wong saka kalungguhané sing dhuwur. Kowé padha seneng goroh, cangkemmu padha mujèkaké berkah, nanging ing batin kowé ngipat-ipati.

5(62-6) Mung yèn nunggil karo Allah atiku tentrem, awit mung Panjenengané piyambak kang dakendelaké.

6(62-7) Mung Panjenengané piyambak kang ngayomi aku lan nylametaké nyawaku. Panjenengané dadi pangungsènku, aku mesthi ora bakal keplayu.

7(62-8) Allah dadi etuké keslametanku lan kamulyanku, etuking kekuwatanku lan pangungsènku.

8(62-9) Hé bangsaku, padha precayaa marang Allah ing selawasé, isining atimu sokna kabèh ing ngarsané; Allah dadi papan pangungsèn kita.

9(62-10) Manungsa iku sanyatané mung presasat abab; wong gedhé wong cilik kabèh ora ana ajiné. Timbangen lan bakal ketitik, yèn ora ana boboté.

10(62-11) Aja ngendelaké karosan, lan aja ngumukaké barang rayahan. Yèn barang-darbèkmu mundhak akèh, aja nganti atimu kelèt ana ing kono.

11(62-12) Aku krungu Allah bola-bali ngandika, yèn pangwasa kuwi pinangkané saka Panjenengané.

12(62-13) Dhuh Pangéran, ugi sih-kadarman, menika Paduka ingkang kagungan. Sebab Paduka males dhateng angger tiyang manut pendamelipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 62 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel