1(63-1) Kidung anggitané Dawud nalika ana ing ara-ara samun Yéhuda. (63-2) Dhuh Allah, Paduka menika Allah kawula. Kawula kangen dhateng Paduka, nyawa kawula ngelak dhateng Paduka, badan kawula ngorong dhateng Paduka, kados siti ingkang garing mboten angsal toya.
2(63-3) Kados mekaten anggèn kawula nyawang dhateng Paduka wonten ing Pedalemanipun Allah, kanthi ningali pangwasa lan kamulyan Paduka.
3(63-4) Déné sih-kadarman Paduka menika ngungkuli kanikmataning gesang; pramila lambé kawula badhé memuji Paduka.
4(63-5) Kados mekaten kawula badhé ngluhuraken Paduka selami kawula gesang, sarta ngangkat tangan kawula ndedonga dhateng Paduka.
5(63-6) Nyawa kawula katuwukaken, kados menawi nedha sungsum lan gajih, kawula badhé ngucap sokur kalayan swanten sora, memuji dhateng Paduka.
6(63-7) Samasa kawula ènget dhateng Paduka wonten ing patileman, ngantos sedalu muput kawula ngémut-émut Paduka.
7(63-8) Mergi Paduka ingkang mitulungi kawula, pramila kawula saged bingah-bingah wonten ing ayomaning swiwi Paduka.
8(63-9) Nyawa kawula rumaket dhateng Paduka, saha asta tengen Paduka nyanggi kawula.
9(63-10) Nanging tiyang ingkang nedya mejahi kawula, sami badhé ngalami pejah lan dhawah ing telenging bumi.
10(63-11) Badhé dados pakaning pedhang, lan mangsané segawon ajag.
11(63-12) Nanging Sang Prabu badhé bingah-bingah margi saking Allah; lan saben tiyang ingkang supaos demi Allah, badhé ngluhuraken Panjenenganipun, margi sakathahing tiyang dosa badhé sami dipun bungkem cangkemipun.