Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 66 >> 

1Kidung masmur kanggo pemimpin penyanyi. Hé salumahé bumi, padha surak-suraka ngluhuraké Allah!

2Kaluhuraning asmané padha pujinen nganggo nyanyian, kidungna nganggo lelagon.

3Munjuka marang Allah, "Sedaya pakaryan Paduka menika nggegirisi! Awit saking agenging pangwaos Paduka; mengsah Paduka sami kepeksa teluk.

4Salumahing bumi sami nyembah sujud dhateng Paduka, lan sami ngidungaken masmur konjuk dhateng Paduka."

5Mrénéa, delengen pakaryané Allah, iba olèhé nggegirisi tumindaké marang manungsa!

6Segara diwalik dadi dharatan, lan wong-wong padha nyabrang kali karo mlaku. Mulané kita padha bungah merga Panjenengané.

7Pangrèhé kalawan kasektèn langgeng ing selawasé; tingalé ngulataké para bangsa, supaya para wong mbaléla aja nganti ngegungaké awaké.

8Hé para bangsa, padha saosa puji marang Allah kita, kaluhurané padha wartakna kanthi sora!

9Allah iku kang nylametaké nyawa kita, lan ora négakaké kita nganti tiba.

10Dhuh Allah, kawula sampun naté Paduka uji, sampun naté Paduka damel murni kados slaka.

11Kawula naté Paduka lebetaken ing jaring, lan bangkèkan kawula Paduka bandhuli.

12Paduka négakaken sirah kawula dipun langkahi tiyang, malah naté kawula mlebet ing latu lan toya. Nanging Paduka ngentas kawula, ngantos kawula luwar.

13Kawula badhé sowan, mlebet ing Pedaleman Paduka, nyaosaken kurban obongan sarta ngluwari punagi kawula konjuk dhateng Paduka,

14ingkang kawula ucapaken nalika saweg ngalami reribed.

15Kawula badhé nyaosaken kurban obongan dhateng Paduka, rupi kéwan ingkang lema, inggih ménda gèmbèl jaler, lembu lan ménda bérok jaler.

16Hé wong kabèh kang ngabekti marang Allah, padha majua ngrungokaké; dakcritani bab kasaénané Pangéran marang aku.

17Aku wis sesambat marang Panjenengané, saiki arep dakpuji nganggo kekidungan.

18Menawa ing atiku ana pengangen-angen marang piala, mesthi panyuwunku ora dijurungi déning Pangéran.

19Sanyatané Allah wis miyarsakaké, sarta wis nilingaké swaraning pandongaku.

20Pinujia Allah, déné ora nampik pandongaku, sarta ora njabel sih-kadarmané marang aku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 66 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel