Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 67 >> 

1(67-1) Kidung masmur kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi uniné clempung. (67-2) Dhuh Allah, Paduka mugi paring sih-rahmat, tuwin mberkahi dhateng kawula.

2(67-3) Kawula kasunarana déning cahyaning wedana Paduka. Supados karahayon peparing Paduka kasumerepan ing satengahing para bangsa.

3(67-4) Dhuh Allah, mugi salumahing bumi sami ngluhuraken Paduka. Paduka dipun pepuji déning para bangsa.

4(67-5) Para umat sami bingaha kalawan suka-rena, awit bangsa-bangsa menika Paduka rèh kalayan adil. Sarta para umat sedaya ing jagad, Paduka ingkang badhé nuntun lampahipun.

5(67-6) Dhuh Allah, para bangsa mugi sami memuji dhumateng Paduka. Paduka dipun pujia déning para bangsa sedaya!

6(67-7) Bumi wis metokaké hasilé, Pangéran kang jumeneng Allah kita mberkahi kita.

7(67-8) Allah mberkahi kita; salumahé bumi padha ngabektia marang Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 67 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel