Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 7 >> 

1(7-1) Kidung pangadhuh anggitané Dawud, dikidungaké merga Kusy, wong Bènyamin. (7-2) Dhuh Pangéran, Allah kawula, sowan kawula nyuwun pengayoman; mugi kersa nguwalaken kawula saking sedaya tiyang ingkang sami ngoyak-oyak dhateng kawula, saha mugi kersa paring pangluwaran.

2(7-3) Sampun ngantos sami nubruk kawula kados singa, lan nggondhol kawula ngantos mboten wonten ingkang saged nguwalaken.

3(7-4) Dhuh Pangéran, Allah kawula, saupami kawula nindakaken piawon, menawi ta kawula males awon dhateng mitra,

4(7-5) utawi kawula nandukaken piawon dhateng tiyang ingkang nglawan dhateng kawula tanpa sebab, saupami èstu mekaten,

5(7-6) mugi mengsah kawula sami ngoyak-oyaka lan nyepeng kawula, sarta kawula dipun idak-idaka ing siti, tuwin dipun pejahana, temah badan kawula dados lebu.

6(7-7) Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng kalayan duka, sarta nglawan dhateng pangigit-igitipun satru kawula. Mugi kersa jumeneng paring pitulungan dhateng kawula, margi Paduka sampun mundhut wontena keadilan!

7(7-8) Bangsa-bangsa mugi sami kaklempakna ing ngarsa Paduka, lajeng sami Paduka rèh saking ngaluhur.

8(7-9) Gusti Allah ngadili para bangsa! Mugi kersa ngadili kawula, dhuh Allah, menapa kawula menika resik, menapa manah kawula tumemen.

9(7-10) Mugi-mugi piawonipun tiyang duraka saged mantun. Tiyang ingkang lampahipun temen mugi Paduka santosakaken. Dhuh Allah, Paduka ingkang ndadar manah saha telenging batosipun manungsa, Paduka Allah ingkang adil.

10(7-11) Allah kuwi tumraping aku tamèng, kang ngreksa marang wong sing atiné lugu.

11(7-12) Gusti Allah kuwi Hakim kang adil lan Allah kang ndhawuhaké paukumané marang wong ala.

12(7-13) Tumrap wong sing ora mratobat, Allah bakal ngasah pedhangé, sarta menthang gendhéwané, siaga nglepas panahé.

13(7-14) Gaman-gamané sing ampuh dicawisaké kanggo wong duraka, panahé disiapaké.

14(7-15) Sejatiné wong kuwi seneng ngangen-angen piala, ngrancang karusakan, lan seneng goroh.

15(7-16) Wong kuwi ndhudhuk luwangan, digawé jero, nanging kecemplung dhéwé ing luwangan sing digawé mau.

16(7-17) Piala sing ditindakaké mbalik ngenani sirahé dhéwé, sarta penggawéné ala nibani embun-embunané.

17(7-18) Aku dakmemuji marang Allah merga keadilané, sarta ngidungaké masmur konjuk ing Asmané Kang Mahaluhur.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel