Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 70 >> 

1(70-1) Anggitané Dawud, nalika saos kurban minangka pèngetan; kanggo pemimpin penyanyi. (70-2) Dhuh Allah, mugi énggal rawuh mitulungi kawula, mugi paring pitulung, dhuh Allah, samenika ugi.

2(70-3) Tiyang ingkang ngangkah pejah kawula sami nandhanga wirang lan bingunga piyambak. Ingkang sami ngangkah bilai kawula mugi sami mundur lan kwirangan.

3(70-4) Ingkang nyukuraken kawula, sami wangsula lan kisinana, minangka piwalesing pangolok-olokipun.

4(70-5) Tiyang ingkang sami madosi Paduka, mugi sami bingah-bingah, sarta suka-renaa sedaya tiyang ingkang ngajeng-ajeng sih-pitulungan Paduka. Sami tansah gadhaha pamuji mekaten, "Allah iku Mahaluhur!"

5(70-6) Nanging menggah kawula menika tiyang nistha lan papa. Dhuh Allah, mugi tumunten rawuh. Paduka menika Juru Wilujeng ingkang mitulungi kawula. Dhuh Allah, kersaa énggal rawuh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 70 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel