Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 71 >> 

1Dhuh Allah, kawula ngungsi dhateng Paduka, mugi sampun ngantos kawula kwirangan.

2Paduka mugi kersa nguwalaken kawula lan ngluwari kawula krana saking kaleresan Paduka. Paduka mugi nilingaken pesambat kawula, sarta ngluwari kawula.

3Paduka mugi dados parang kawula ingkang sentosa, ingkang kawula ungsèni, bètèng kawula ingkang mitulungi kawula, awit inggih namung Paduka jumeneng dados peparang saha bètèng kawula.

4Dhuh Allah, kawula mugi Paduka luwari saking tanganipun tiyang duraka, saking cengkeremaning tiyang awon lan ambek siya.

5Sebab Paduka menika ingkang kawula endelaken, dhuh Allah, ingkang kawula jagèkaken wiwit alit mila.

6Anggèn kawula suméndhé dhateng Paduka wiwit kawula taksih wonten ing wetengan; Paduka ingkang tansah kawula luhuraken.

7Tumrap tiyang kathah, gesang kawula dados tuladha, margi Paduka dados pangungsèn kawula ingkang sentosa.

8Lambé kawula lubèr pamuji dhumateng Paduka, ing sedinten-dinten Paduka kawula luhuraken.

9Ing mangsanipun sampun sepuh kawula, mugi sampun ngantos Paduka tampik; ing wancinipun kekiyatan kawula suda, mugi sampun ngantos Paduka tilar.

10Mengsah-mengsah kawula sami ngraosi, tiyang-tiyang ingkang nedya mejahi kawula sami sarembag.

11Lan mungel mekaten, "Wong kuwi wis ditilar déning Allah, ayo padha dioyak lan dicekel, sebab wis ora ana sing mitulungi."

12Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos nebihi kawula. Dhuh Allah kawula, mugi tumunten rawuh, mitulungi kawula!

13Para satru kawula sami nandhanga wirang, lan sami kasirnakna. Sami nandhanga wirang lan nistha, sedaya tiyang ingkang ngangkah cilaka kawula.

14Menggah kawula badhé tansah pitados dhateng Paduka lan saya sanget anggèn kawula ngluhuraken Paduka.

15Ilat kawula badhé nyariyosaken kaleresan Paduka, lan pitulungan peparing Paduka badhé tansah kawula wartosaken saben dinten, sebab kawula mboten saged ngétang cacahipun.

16Dhuh Pangéran, kawula badhé marek nyariyosaken kaélokaning pangwasa Paduka, saha nyebutaken kaleresan Paduka, inggih namung Paduka piyambak ingkang kawula puji!

17Dhuh Allah, wiwit alit mila kawula sampun Paduka wulang, sarta dumugi sepriki kawula tansah nyariyosaken kaélokan Paduka.

18Dhuh Allah, salebetipun kawula sampun sepuh sarta uwanen mekaten, sampun ngantos Paduka tilar, supados anak-putu kawula ing samangké kawula cariyosaken bab pakaryaning asta Paduka, lan pangwasa Paduka kawula cariyosaken dhateng anak-putu kawula sedaya, ingkang badhé dhateng.

19Kaleresan Paduka, dhuh Allah, sundhul ing langit. Paduka sampun nindakaken prekawis-prekawis ingkang élok; dhuh Allah, sinten ingkang nyamèni Paduka?

20Paduka ingkang sampun ndhawahaken karibedan lan kasangsaran dhateng kawula, inggih Paduka piyambak ingkang badhé nggesangaken kawula malih, sarta Paduka entasaken saking telenging bumi.

21Paduka mugi mewahi kadrajatan kawula, lan nglipur kawula malih.

22Ing ngriku kawula badhé memuji Paduka kalayan swantening slukat. Margi saking prasetyan Paduka, dhuh Allah, Paduka badhé kawula caosi pamuji mawi swantening clempung. Dhuh Allahipun Israèl, ingkang Mahasuci.

23Lambé kawula dalah nyawa kawula ingkang sampun Paduka tebus, badhé sami bingah-bingah, sarta ngidungaken puji Paduka.

24Ilat kawula sedinten-dinten badhé martosaken kaleresan Paduka, margi tiyang ingkang sami ngangkah bilai kawula sampun sami kwirangan lan katumpes.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 71 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel