Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 73 >> 

1Masmur anggitané Asaf. Sejatiné Allah iku becik tumrapé wong sing jujur, lan sing resik atiné.

2Nanging mungguh aku, mèh waé sikilku keplèsèt, mèh waé ilang imanku.

3Sebab aku mèri karo wong sing gemedhé, lan panas atiku nalika weruh kabegjané wong ala.

4Déné ora tau nandhang sangsara, awaké waras, lemu.

5Ora nandhang karibedan kaya wong liyané, lan ora nandhang perih kaya wong sapepadhané.

6Mulané wataké angkuh, lan dhemen nyia-nyia pepadhané.

7Dosané tuwuh subur ing atiné, batiné tansah ngrancang piala.

8Senengané nyemoni wong liya, kalawan angkuh ngrancang piala lan panyiksa.

9Allah kang ana ing swarga diala-ala, lan kalawan angkuh njajah wong ana ing bumi.

10Umaté Allah nganti padha kèlu marang wong mau, lan precaya karo apa sing dikandhakaké.

11Pangucapé, "Gusti Allah masa pirsaa, Kang Mahaluhur mesthi ora maèlu."

12Kaya mengkono kaanané wong jahat, wong mau tansah begja lan kasugihané saya tambah.

13Yèn mengkono apa gunané aku ngudi marang kautaman, lan nyingkiri penggawé ala?

14Dhuh Allah, saben dinten kawula Paduka sangsara, saben énjing kawula Paduka welèhaken.

15Saupami kawula gadhah ungel ingkang kados mekaten, temtu kawula nyélaki anggèn kawula dados umat Paduka.

16Prakara mau dakrasak-rasakaké, nanging aku meksa ora ngerti.

17Nganti aku mlebu ing Pedalemané Allah kang Suci, lan ngentèni wekasané wong ala mau.

18Èstunipun tiyang-tiyang menika Paduka degaken ing papan ingkang lunyu, lajeng Paduka plèsèdaken, mila dhawah remuk.

19Sanalika sami tumpes-tapis, sirna margi saking paukuman Paduka.

20Kados impèn ingkang ical ing wanci énjing, samasa Paduka jumeneng lajeng Paduka kipataken.

21Nalika manah kawula mangkel déning mrina, lan batos kawula nepsu déning sakiting manah,

22èstunipun kawula bodho lan tanpa budi, kados kéwan wonten ing ngarsa Paduka.

23Nanging sokur déné kawula celak kaliyan Paduka, lan kaasta déning asta tengen Paduka.

24Kawula Paduka paringi pitedah, lajeng Paduka pulung dhateng kamulyan.

25Ing swarga lan ing bumi mboten wonten ingkang kawula raketi, kejawi namung Paduka piyambak.

26Senajan badan lan nyawa kawula lebur, Allah ing selami-laminipun dados bètèng lan kekiyatan kawula.

27Sayektosipun, tiyang ingkang nyingkur Paduka badhé manggih karisakan, tiyang ingkang nyembah allah sanès, badhé tumpes sedaya, sarta nilar Paduka.

28Nanging mungguh aku, aku milih rumaket marang Allah, Pangéran, Allah iku andel-andelku, sarta aku bakal nyritakaké sakèhé pakaryané!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 73 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel