Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 77 >> 

1(77-1) Masmur anggitané Asaf kanggo pemimpiné penyanyi, dibarengi uniné clempung. Laguné kaya lagu: Yedhutun. (77-2) Kalawan swara sora anggonku sesambat marang Allah, lan Panjenengané miyarsakaké aku.

2(77-3) Ing dina karubedan aku nggolèki Pangéran, senajan ing wayah bengi tanganku dakegaraké ing pandonga, nyawaku ora gelem diarih-arih.

3(77-4) Samasa ngangen-angen marang Allah, aku banjur ngesah-esah. Samasa dakrasak-rasakaké nyawaku ngenes lan nglentrih.

4(77-5) Kawula mboten saged tilem margi saking Paduka, ngantos manah kawula bingung lan mboten saged wicanten.

5(77-6) Kawula ngangen-angen dhateng lelampahan ing jaman kina, inggih ing jaman ingkang kepengker.

6(77-7) Ing wanci dalu kawula nggraita salebeting manah, lajeng ngunandika ing batos mekaten,

7(77-8) "Penampiké Pangéran mono apa kanggo selawasé, ing tembé apa bakal ora melasi menèh?

8(77-9) Sih-palimirmané apa wis pedhot babar-pisan, prasetyané sing turun-temurun apa wis cunthel?

9(77-10) Allah apa wis ora melasi menèh, lan kawelasané apa lebur déning bebenduné?"

10(77-11) Ing kono osiking atiku, "Kang njalari perihku, iya iku yèn Allah wis ora Mahakwasa menèh."

11(77-12) Aku dakéling-éling pakaryané Allah. Kawula badhé ngraos-ngraosaken kaélokan Paduka sedaya ing jaman kina.

12(77-13) Pakaryan Paduka sedaya badhé kawula raos-raosaken, lan pendameling asta Paduka badhé kawula ènget-ènget.

13(77-14) Dhuh Allah, pangrèh Paduka menika suci! Pundi wonten Allah ingkang luhur kados Allah kawula?

14(77-15) Paduka menika Allah ingkang nindakaken kaélokan, pangwasa Paduka misuwur ing antawisipun para bangsa.

15(77-16) Umat Paduka, turunipun Yakub lan Yusuf sampun Paduka tebus kalayan pangwasa Paduka.

16(77-17) Dhuh Allah, seganten nalika ningali Paduka lajeng ajrih, dalah telenging samodra sami gemeter.

17(77-18) Mendhung nggrojogaken toya, gludhug gumleger medal saking awang-awang, bledhèg sesamberan pating clèrèt.

18(77-19) Gumlegering gludhug Paduka ngèbeki langit, kilat sami pating glebyar madhangi jagad. Bumi gemeter kaliyan oreg.

19(77-20) Paduka tindak ngambah seganten, nratas telenging samodra, nanging tapak Paduka mboten ketawis.

20(77-21) Paduka ngirid umat Paduka kados nggiring ménda, srana tanganipun Musa lan Harun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 77 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel