Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 79 >> 

1Masmur anggitané Asaf. Dhuh Allah, bangsa-bangsa manca sampun sami mlebet dhateng tanah kagungan Paduka, lan sami najisaken pedaleman Paduka ingkang suci; Yérusalèm sampun dados jugrugan.

2Jisimipun para abdi Paduka, dipun dadosaken tedhaning peksi-peksi ing awang-awang; dagingipun para kekasih Paduka kasukakaken kéwan ing ara-ara.

3Rahipun umat Paduka dipun wutahaken mlabar kados toya, ing sakiwa-tengenipun Yérusalèm, sarta mboten wonten ingkang ngubur.

4Kawula sami dipun poyoki déning tangga tepalih kawula, dipun wadani lan dipun awon-awon déning tiyang-tiyang sakiwa-tengen kawula.

5Dhuh Allah, ngantos pinten laminipun anggèn kawula nandhang paukuman Paduka, lan ketaman déning bentèring galih Paduka?

6Paukuman Paduka mugi kaesokna dhateng para umat ingkang mboten nganggep dhateng Paduka, inggih dhateng sakathahing negari ingkang mboten sami nyembah dhateng Paduka.

7Margi sampun sami mejahi umat Paduka, sarta ngrisak balé-pémahanipun.

8Dosanipun leluhur kawula sampun ngantos katempahaken dhateng kawula, kawula mugi énggal Paduka welasi, margi kawula sampun mboten kiyat.

9Dhuh Allah, mugi kawula sami Paduka pitulungi, krana saking kaluhuraning asma Paduka; mugi kawula kaluwarana, saha Paduka apunten dosa kawula krana saking asma Paduka.

10Kénging menapa tiyang kapir menika ngantos sami mungel mekaten, "Allahé wong kuwi ana ing ngendi?" Mugi rahipun para abdi Paduka ingkang kawutahaken kawalesna ing ngajeng kawula, supados bangsa-bangsa menika sami sumerepa.

11Pesambatipun tiyang tawanan mugi Paduka piyarsakaken. Mugi kersa paring gesang dhateng tiyang-tiyang ingkang kaancam badhé dipun pejahi srana asta Paduka ingkang kwasa.

12Bangsa ingkang manggèn ing sakubeng kawula mugi sami kadhawahana piwales tikel pitu, margi enggènipun ngawon-awon dhateng Paduka.

13Dhuh Pangéran, kawula umat Paduka, inggih ménda ngèn-ngènan Paduka, badhé sami memuji dhumateng Paduka ing selaminipun. Kaluhuran Paduka badhé kawula cariyosaken turun-temurun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 79 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel