1(81-1) Anggitané Asaf kanggo pemimpin penyanyi. Kaya laguné kidung: Gitit. (81-2) Padha surak-suraka kagem Allah, kekuwatan kita, padha bungah-bungaha kagem Allahé Yakub.
2(81-3) Padha memujia nganggo masmur, dibarengi nabuh terbang karo clempung kang laras laguné, lan karo slukat.
3(81-4) Ngunèkna slomprèt ing tanggal sepisan, lan ing wulan purnama, ing dina riaya kita.
4(81-5) Sebab kuwi wis dadi prenatan ing Israèl, wis ditetepaké dadi peraturan déning Allahé Yakub.
5(81-6) Lan dadi dhedhawuhan kanggo umaté, nalika Panjenengané nggebag tanah Mesir. Aku krungu swara sing ora dakkenal, dhawuhé mengkéné,
6(81-7) "Momotané wis Dakangkat saka pundhaké, kranjang lan pikulané wis Dakkon nyèlèhaké.
7(81-8) Sajroning karubedan kowé padha sesambat, mula banjur Dakluwari. Panyuwunmu Daksembadani, Dakwangsuli saka pandhelikan-Ku ing samburiné gludhug. Kowé wis Dakcoba ing sapinggiring sendhang Mériba.
8(81-9) Hé umat-Ku, padha ngrungokna, Aku arep ngélingaké marang kowé. Hé Israèl, dhawuh-Ku padha éstokna.
9(81-10) Ing tengahmu aja ana allah liya, kowé aja nyembah allah, sing dudu allahmu.
10(81-11) Mung Aku iki Pangéran, Allahmu, kang ngentasaké kowé saka tanah Mesir. Mangapa sing amba, nuli bakal Dakleboni pangan nganti kowé wareg.
11(81-12) Nanging umat-Ku ora ngrungokaké dhawuh-Ku, sarta Israèl wegah ngéstokaké dhawuh-Ku.
12(81-13) Banjur Dakuja supaya nglakoni karepé atiné kang wangkot; karebèn padha nindakaké apa sing dirancang manut karepé dhéwé!
13(81-14) Hé umat-Ku, padha ngrungokna tembung-Ku. Hé Israèl, padha uripa manut pituduh-Ku.
14(81-15) Mungsuhmu sanalika bakal Daktelukaké, sarta bakal padha ngrasakaké antebé tangan-Ku.
15(81-16) Wong sing sengit marang Pangéran, bakal padha sujud ing ngarsané, mengkono bakal nasibé ing selawasé.
16(81-17) Nanging umat-Ku bakal Dakparingi mangan gandum sing becik dhéwé, sarta madu saka watu karang, nganti sawaregé."