1(83-1) Kidung masmur anggitané Asaf. (83-2) Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kèndel kémawon, namung thenguk-thenguk tanpa kumecap.
2(83-3) Sebab para mengsah Paduka sami mbrontak, ingkang sami sengit dhateng Paduka sami gemedhé.
3(83-4) Sami ngrancang badhé damel piawon dhateng umat Paduka, lan sami sarembag nglawan dhateng ingkang Paduka ayomi.
4(83-5) Wicantenipun, "Ayo padha ditumpes, disirnakaké saka antarané para bangsa, supaya jenengé Israèl ora disebut menèh!"
5(83-6) Saèstu sampun sami rembagan lan saiyeg ngawontenaken prejanjian nglawan dhateng Paduka.
6(83-7) Tiyang Édom lan tiyang Ismaèl, tiyang Moab lan tiyang Hagar.
7(83-8) Tiyang Gebal, Amon lan tiyang Amalèk, tiyang Filistéa lan tiyang Tirus.
8(83-9) Semanten ugi tiyang Asyur sedaya sampun ngempal dados setunggal, ambiyantu bani Lot.
9(83-10) Sedaya menika mugi sami kadamela kados bangsa Midian, kados Siséra, kados Yabin wonten ing pinggiripun Lèpèn Kison,
10(83-11) ingkang sampun kasirnakaken ing Èn-Dhor, dados rabuking siti.
11(83-12) Para pengagengipun mugi kadamela kados Orèb lan Zeèb, kados Zébah lan Salmuna,
12(83-13) kadamela mekaten sedaya pengagengipun ingkang mungel, "Payo kita padha ngenggoni Pedalemané Allah!"
13(83-14) Dhuh Allah, kawula, tiyang menika sami Paduka awut-awut kados bledug, kados mrambut kabur ing angin.
14(83-15) Kados latu ingkang mbesmi wana, kados pangalad-alading latu ingkang mbesmi paredèn.
15(83-16) Lajeng sami kasirepa déning prahara, lan kadadosna giris déning lésus Paduka.
16(83-17) Sami nandhanga wirang lan kanisthan, dhuh Allah, supados sami ngupadosana asma Paduka.
17(83-18) Sami nandhanga wirang lan ajrih ing selaminipun, inggih sami nandhanga kwirangan ngantos sasirnanipun.
18(83-19) Supados sami sumerepa bilih Paduka menika ingkang asma Allah, saha namung Paduka piyambak ingkang kwaos ing salumahing bumi.