Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 86 >> 

1Pandonga anggitané Dawud. Paduka mugi kersa nilingaken saha nyembadani panyuwun kawula, margi kawula nandhang sangsara lan kekirangan.

2Nyawa kawula mugi Paduka reksa, margi kawula menika kekasih Paduka. Kawula mugi Paduka pitulungi, margi kang abdi pitados dhateng Paduka.

3Paduka menika Allah kawula, kawula mugi Paduka welasi, sebab sedinten muput Paduka ingkang kawula sambati.

4Mugi kersa mbingahaken manahipun abdi Paduka, dhuh Pangéran, sebab dhateng Paduka kawula ngunjukaken pandonga kawula.

5Sebab Paduka, dhuh Allah, Paduka rena lan kersa ngapunten, sih-pitulungan Paduka menika lubèr dhateng sedaya tiyang ingkang sesambat dhateng Paduka.

6Dhuh Allah, mugi kersa nilingaken pandonga kawula, lan miyarsakaken swantening panyuwun kawula.

7Ing dinten karibedan, kawula nyenyuwun dhateng Paduka, sebab Paduka njurungi panyuwun kawula.

8Dhuh Allah, mboten wonten allah ingkang nyamèni Paduka, lan mboten wonten ingkang makarya kados ingkang Paduka tindakaken.

9Dhuh Pangéran, sakathahipun para umat ingkang Paduka titahaken, badhé sami sowan sujud wonten ing ngarsa Paduka, sarta nyaosi urmat dhumateng Paduka.

10Sebab Paduka menika Mahaluhur, ingkang nindakaken kaélokan, inggih namung Paduka piyambak, dhuh Allah.

11Dhuh Allah, kawula mugi Paduka tedahi margi Paduka, supados lampah kawula leres lan manuta ing pangrèh Paduka; mugi pengangen-angen kawula sawetahipun mindeng ing pangabekti dhateng Paduka.

12Dhuh Pangéran, Allah kawula, Paduka badhé kawula puji kalawan gumolonging manah, saha asma Paduka badhé kawula luhuraken ing selaminipun.

13Margi agung sih-kadarman Paduka dhateng kawula, sarta kawula sampun Paduka entasaken saking panggènanipun tiyang pejah ingkang lebet piyambak.

14Dhuh Allah, tiyang-tiyang angkuh sami ngroyok kawula, lan grombolanipun tiyang ambek siya sami kepéngin mejahi kawula, sami kesupèn dhateng Paduka.

15Nanging, dhuh Allah, Paduka menika, Allah ingkang welasan, asih lan sabar.

16Paduka mirsanana kawula kanthi kawelasan, abdi Paduka mugi kaparingana kekiyatan Paduka, margi kawula ngabdi dhateng Paduka, kados biyung kawula ngabdi dhateng Paduka.

17Dhuh Allah, kawula mugi kaparingana pretandhaning kasaénan Paduka, supados tiyang ingkang sami sengit dhateng kawula sami kisinan, margi Paduka sampun mitulungi kawula saha nglipur dhateng kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 86 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel