1Allah jumeneng Raja, Panjenengané ngagem busana kamulyan, ngagem peningset pangwasa. Mulané jagad didhasari kanthi kukuh, lan ora bakal gonjing.
2Dhampar Paduka menika sentosa wiwit rumiyin mila, Paduka menika tanpa wiwitan.
3Dhuh Allah, samodra nyuwanten saya sora, swantenipun saya gemuruh.
4Pepréntahané Allah luhuré ngungkuli jumeguré ombak, ngungkuli gemuruhing alun segara.
5Dhuh Allah, dhawuh Paduka menika langgeng, lan Pedaleman Paduka menika èstu suci ing selami-laminipun.