Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 95 >> 

1Ayo padha nyaosaké kidungé kabungahan marang Allah, padha memujia marang Bètèng pengayoman kita.

2Ayo padha methukaké Panjenengané sarta ngluhuraké lan ngidungaké masmur, kanthi bungah, konjuk marang Panjenengané.

3Sebab Pangéran iku Allah kang luhur, sarta Raja kang agung, ngungkuli sakèhé para déwa.

4Panjenengané mengku salumahing bumi, astané nggayuh jurang sing jero dhéwé tekan pucaké gunung sing dhuwur dhéwé.

5Panjenengané ngerèh segara, damelané astané, semono uga dharatan sing dititahaké.

6Ayo padha tumungkul sujud, padha jèngkèng ing ngarsané Allah kang nitahaké kita.

7Sebab Panjenengané iku Allah kita, kita padha umat ngèn-ngènané, wedhus rèh-rèhané astané. Ing dina iki muga kowé padha ngrungokaké swarané!

8"Kowé aja padha nggugu karepmu dhéwé kaya dhèk nalika ana ing Mériba, kaya nalika ana ing ara-ara samun ing Masa.

9Nalika semono para leluhurmu padha nyoba marang Aku, lan njajal marang Aku, senajan padha ndeleng pakaryan-Ku.

10Patang puluh taun lawasé enggon-Ku cuwa ing penggalih ing ngatasé umat mau, mulané Aku ngandika, ‘Bangsa iki atiné dhemen nasar, lan padha ora weruh dalan sing Dakkersakaké.’

11Mulané Aku wis supaos sajroning paukuman-Ku, ‘Mesthi padha ora kena mlebu ing tanah sing Dakprasetyakaké kanggo pengasoané.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 95 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel